6 Pola Paribasan Basa Jawa Awalan Kata Kebo Serta Artinya

Paribasan, bebasan, sanepan lan saloka iku akeh banget contohnya. Sudah tahu kan masing-masing artinya dari ke empat kata tersebut?
Paribasan iku ukara utawa unen-unen sing tegese wantah dudu pepindhan.

Bebasan iku tetembungan sing ngemu teges pepindhan.
Sanepan iku unen-unen sing ngemu tegese kosok balen.
Saloka iku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, lan ngemu surasa pepindhan.

1. kebo bule mati setra -(tegalan/papan panggonan).
wong pinter ning ora ana sing merlokake.

2. kebo ilang tombok kandhang - (nambahi).
wis kelangat ngetokake wragat maneh kanggo nggoleki malah ora ketemu pisan.

3. kebo kabotan sungu.
rekasa merga kakehan anak.

4. kebo lumumpat ing palang.
ngadili perkara ora nganggo waton.

5. kebo mulih menyang kandhange.
wong lunga adoh bali menyang omahe maneh.

6. kebo nusu gudel.
wong tuwa jaluk wuruk wong enom.

itulah paribasan awalan kata kebo.

Related : 6 Pola Paribasan Basa Jawa Awalan Kata Kebo Serta Artinya

0 Komentar untuk "6 Pola Paribasan Basa Jawa Awalan Kata Kebo Serta Artinya"

DUKUNG KAMI

SAWER Ngopi Disini.! Merasa Terbantu Dengan artikel ini? Ayo Traktir Kopi Dengan Cara Berbagi Donasi. Agar Kami Tambah Semangat. Terimakasih :)