Syair Kanggo Amar Makruf Nahi Munkar

Syair Kanggo Amar Ma'ruf Nahi Munkar

صَلاَةُ اللهِ مَالاَحَتْ كَواَكِبْ

عَلَى احْمَدْ خَيْرِمَنْ رَكِبَ النَّجَاءِبْ

حَدَى حَادِى السُّرَى بِاسْمِ الحَبَاءِبْ

فَهَزَ الشُّكْرُ اَعْطَافَا الرَّكاَءِبْ

Sedulur islam monggo kito belajar
Kanggo bekal amar makruf nahi munkar
Ajak-ajak nyang masjid utowo langgar
Supoyo agomo Islam tambah Syi'ar.

Ngelakoni amar makruf nahi mungkar
Ora khusus ono podium lan mimbar
Ono ngendi wae asal kanti sabar
Niat kanti lapang dada bakale den ganjar.

Kuwajiban kito ono saben dino
Ngelakoni dateng perintahe agomo
Ngajak elok nyegah munkar ojo leno
Mbesuk uripe supoyo ora tuno.

Ono Al Qur'an Gusti Alloh ndawuhne
Kito supoyo ngajak marang dalane
Kanti bijaksono tutur kang nyenengne
Rembukan kang luweh yummy lan nglegakne.

Perjuangan macem-macem jurusane
Nanging mung dadi siji tujuane
Negakne agomo ono ing nduyane
Supoyo bahagio ono akhirote.

Ngajak-ngajak ing perkoro kebagusan
Ugo ngedohi perkoro kemunkaran
Iku wis ketutur ono ing Al Qur'an
Sopo wonge nglakoni oleh ganjaran.

Isih enom berjuang karo tenogone
Wong sugih berjuang kelawan bondone
Wong alim berjuang kelawan ilmune
Sampun sepuh disuwun dungo pujine.

Cekap semanten atur saking kawulo
Sedoyo lepat kulo nyuwun ngapuro
Mugo-mugo Allah Kang Moho Kuoso
Ngasilake dateng usaha kito.

Related : Syair Kanggo Amar Makruf Nahi Munkar

0 Komentar untuk "Syair Kanggo Amar Makruf Nahi Munkar"

DUKUNG KAMI

SAWER Ngopi Disini.! Merasa Terbantu Dengan artikel ini? Ayo Traktir Kopi Dengan Cara Berbagi Donasi. Agar Kami Tambah Semangat. Terimakasih :)
close
close