16 Peribahasa Jawa Awalan Karakter A Serta Artinya

Peribahasa atau paribasan iku artine ukara utawa unen-unen sing tergese wantah dudu pepindhan. Ada juga yang namanya Bebasan, artinya yaitu tetembungan sing ngemu teges pepindhan.

Selain itu ada juga yang sejenis menyerupai itu, namanya sanepan dan saloka. Sanepan artinya yaitu unen-unen sing ngemu tegese kosok balen atau lawan kata.

Berikut ini pola paribasan, bebasan, sanepan, saloka dengan bahasa jawa serta maknanya.

1. Adhang-adhang tetese embun.
Artinya: njagakake barang muung sak oleh-olehe.

2. Adigang, adigung, adiguna.
Ngendelake kekuatan, kaluhurane dan kapinterane.

3. Aji godhong garing.
Wis ora ono ajine, asor banget.

4. Ana catur mungkur.
Ora gelem ngrungokake rerasan kang ora becik.

5. Ana daulate ora ana begjane (untup-untup).
Arep nemu kabegjan, nanging ora sido.

6. Ana gula ana semut.
Panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.

7. Anak polah bapa kepradah.
Tingkah polahe anak dadi tanggungjawabe wong tua.

8. Anggenthong umos (rembes/bocor).
Wong kang ora iso nyimpen wewadi.

9. Angon mangsa.
Golek waktu kang prayogo kanggo tumindhak.

10. Angon ulat ngumbar tangan (pendeleng).
Ngulatake kaanan yen limpe banjur cicolong.

11. Arep jamure emoh watange (gothek).
Gelem kepenake ora gelem rekasane.

12. Asu rebutan balung.
Rebutan barang kang sepele.

13. Asu belang kalung wang.
wong asor nanging sugih.

14. Asu gedhe menang kerahe (tukaran).
Wong kang dhuwur pangkate, mesthi bae luwih gedhe panguasane.

15. Asu marani gepuk.
Njarang marani bebaya.

16. Ati bengkong oleh oncong (obor konco).
Wong duwe niat ala oleh dalan.

Related : 16 Peribahasa Jawa Awalan Karakter A Serta Artinya

0 Komentar untuk "16 Peribahasa Jawa Awalan Karakter A Serta Artinya"

DUKUNG KAMI

SAWER Ngopi Disini.! Merasa Terbantu Dengan artikel ini? Ayo Traktir Kopi Dengan Cara Berbagi Donasi. Agar Kami Tambah Semangat. Terimakasih :)