Sangu Leladi

Pikir iku pepadhanging ati.
Mulane yen nindakake opo-opo, pomo ojo nganti lali migunakake pikiran, wiwit barang kang remeh-remeh, nganti tekan kang wigati pisan.
Ora elinge mau ngadat jalaran soko gumampang, kasusu, utowo alasannya kalah karo roso sentimen kang gawe petenging ati.

Soko kuranging waspodo lan ngati-ati kang dituju utowo dikarsakake ora kecandhak. Mongko yen ati dikantheni pikiran, keno diudi supoyo pegaweyan, kang ditindhakake soyo suwe soyo mundhak sampurnane.

Tanpo pepadhang mau asiling gawe tansah ajeg bae. Malah, yen pinuju ngliwati pepeteng, luwih-luwih yen banjur keburu napsu, lan kaloncatan pikiran, biso ndrawasi utowo mbebayani.
Pikir perlu kanggo pepadhang, dijogo ojo nganti gothang.

Related : Sangu Leladi

0 Komentar untuk "Sangu Leladi"

DUKUNG KAMI

SAWER Ngopi Disini.! Merasa Terbantu Dengan artikel ini? Ayo Traktir Kopi Dengan Cara Berbagi Donasi. Agar Kami Tambah Semangat. Terimakasih :)
close
close