10 Pola Gladhen 1 Soal Pecahan Basa Krama

Kalimat di bawah ini ialah basa jawa ngoko.

Terjemahkan ke dalam basa jawa krama.


Soal:

1. Bu Surti tuku bakso.
Jawab: Bu Surti mundhut bakso.

2. Pak Dharto lagi wae budhal menyang kantor.
jawab: Pak Dharto nembe kemawon tindak dhateng kantor.

3. Bulik lunga menyang Solo dina Rebo.
jawab: Bulik tindak dhateng Solo dinten Rebo.

4. Aku mau ditukokake buku karo Bapak.
jawab: Kula wau dipundhutaken buku kalian Bapak.

5. Adik melu Ibu menyang pasar.
jawab: Adik ndherek Ibu dhateng peken.

6. Bapak maca koran karo ngombe wedang kopi.
jawab: Bapak maos koran kalian ngunjuk wedang kopi.

7. Yen wayah esuk Simbah mlaku-mlaku menyang taman.
jawab: Menawi wanci enjing Eyang mlampah-mlampah dhateng taman.

8. Ibu nyeneni adik amarga males sinau.
jawab: Ibu ndukani adik amargi kesed sinau.

9. Mbak Sari tuku klambi akeh amarga regane murah.
jawab: Mbak Sari mundhut rasukan kathah amargi regining mirah.

10. Eyang Kakung lungguh ing dingklik goyang.
jawab: Eyang Kakung lenggah wonten ing dingklik goyang.

itulah referensi kalimat bsa jawa ngoko, dengan balasan krama.

Related : 10 Pola Gladhen 1 Soal Pecahan Basa Krama

0 Komentar untuk "10 Pola Gladhen 1 Soal Pecahan Basa Krama"

DUKUNG KAMI

SAWER Ngopi Disini.! Merasa Terbantu Dengan artikel ini? Ayo Traktir Kopi Dengan Cara Berbagi Donasi. Agar Kami Tambah Semangat. Terimakasih :)